Labels

Labels

Home » » Sawaeh Muley Digarap Maning

Sawaeh Muley Digarap Maning

Wis ana sekitar sewulan kawit pari pada dipanen, siki arep pada tandur maning tapine sebaran tembe umur 10 dina. Ceritane miki aku tes kerja maring kaki Reja ngidek-ngidek tunggak damen, ya wis ana telungdina sich. Lantaran ana kothakan sing lemaeh egin atos, kudu dipaculi disit lan ngesuke nembe ditemprang. Anu ora biasane macul dadine tanganku pada kapalen lan kebeler damen uga kecocog cangkang keong. Perih temen ya iki sikil sing kecocog keong, arep ditempeli handiplast tapine nek kenang banyu nglothok maning. Ya terpaksane tek cemplungna bae meng kothakan iki samparane.

Mandan awan sending aku karo batirane madang disit karo kluban godhong budin, sambel trasi, jengkol, iwak asin lan perkedel. Siki anu lagi pada ngaso disit karo ngenteni mandan iyub, enyong facebookan disit karo kanca-kanca liane. Nembe wis ana sepuluh menit langsung lanjutna ngidek-ngidek tunggak damen. Batir sing liane ana sing nggalengi lan ngirabi damen, eh jebulane akeh welute tapi ra ana sing kena sijia. Enyong ya bola-bali nemu welut, dasare ora biasa ndikep welut, akhire ya pada ucul maning. Padahal gede-gede banget lho welute, sejenthik tangane enyong pada. Ngesuk minggu arep ngaso disit lah, pengen ngademna awak. Rencanane dina minggu arep teka bos sekan bandung, ya alhamdulillah nampa bayaran embret babad suket nang alas. Ngesuke maning dijaluki tulung nang kancane maring Samsat Ciamis bayar pajeg motor karo sekalian golet winih Jabon. Duh dadi pengen ketemu kanca-kanca blogger maning euy, kaya kang Didno, Erfano, A Jazi, lan batir-batir kabeh.

ayu_febrianty98@yahoo.com dviyanto@gmail.com

2 komentar:

  1. horeeeeeeeeeee...ternyata inti ceritanya kupahami, walau gak tau semua bahasa yang digunakan.
    seep keren bro, LANJUTKAN!

    BalasHapus
  2. hahaha iyo cah ayu, cerita sederhana. hahaha

    BalasHapus