Labels

Labels

Niat Mangkat Meng Aseanblogger Kejebak Macet

Ora disangka-sangka lan ora dinyana-nyana wingi pas mangkat meng Jakarta nang Bandung kejebak macet nganti bis e kudu muter maring Wado - Sumedang lan ngelewati Jatinangor. Apa maning pas nang tol Cipularang macet maning dalane lantaran ana trailer nggawa dus mie instant pada wutah kerduse.

Wingi mangkat meng Jakarta numpak kendaraan bis jenenge PO. Gapuraning Rahayu Jurusan Pangandaran - Kampung Rambutan. Bener-bener pengalaman pertama meng Jakarta nganti kejebak macet lan biasane mung pitung jam siki kudu nganti rolas jam.

Bayangna bae jejel, wong mangkat jam 10 mbengi kudu gutul nang Jakarta jam 10 awan. Wah untunge awakke wis siap dalam segala medan dha wong enyong anu bocah lapangan sih. Ya intine mah enyong seneng bae bisa ketemu karo kanca-kanca blogger kondang seko Bekasi, Jakarta lan liyane.

Semangat ngeblog tambah maning iki, dadine sing maune ora diundang meng AseanBlogger nang Solo sikine arep dijak menganah kayane. Padahal sih nang database ana loro sing catatan seko blogger Kabupaten Ciamis, lan tesih kosong jenenge lha nangapa ora diundang sekalian?

Lha ora arep bingung mikiri kaya kuwe, siki sing penting nulis bae tentang segala hal sing apik kanggo diceritakan maring kanca kabeh sing nang luar Jawa. Enyong arep ngeblog terus da wong siki anu seneng nulis, arep nulis politik, ekonomi, sosial lan apa bae pokoke lah.

Rampung Urusan Blogilicious Terus Manjing Umaeh Ninine

Wes dadi kebiasaan nek aku dolan lunga adoh mesti mampir-mampir, kuwe saban waktu pastine kaya kuwe. Angger ora telung dina ya patang dina, tapi siki wis mandan suwe sih dadine ya urung banget ketemu kayane. Eh malah dadi kepriwe ya ceritane enyong gen bingung arep ngomong apa maning, soale mandan sedikit galau kaya kuwe. Kapan waktu mesti dolan maning, moga bae wulan ngarep diundang meng Makassar. Mantap banget yakin.

Dunia Senja:Kita,....

Raden Mas Misno telah mengirimi Anda link ke sebuah blog:

minta ijin

Blog: Dunia Senja
Post: Kita,....
Link: http://www.irmasenja.com/2012/01/kita_23.html

--
Diberdayakan oleh teknologi Blogger
http://www.blogger.com/

Nebang Kayu Jati Tanahraja

Nang gunung Sindanghaji sing ambane puluhan hektar, aku karo kanca
kabeh ya sekitar wong pitu, pada nyambutgawe nebang wit-witan jati.
Ana sekitar 2000 wit jati ditebang nang tanah sing diduweni pihak
pemerintah desa. Saking banget akeh kayune sing egin cilik, dadikena
gawane suwe tur dalane angel lantaran udan saben dina. Aku karo batir
sich tugase mung mangguli kayu karo sekalian ditumpuk nang ngisor. Nek
kayune akeh sing nang perengan, ya mung diglundungna mengisor *masa
meng nduwur?*.

Alhamdulillah siki wis ana rong dina, mulai ngendag dadine dalan bisa
diambah nang motor bebek *udu trail*. Sing pada repek uga wis mulai
ngusungi suluh, nah mestine ya pada ngerti mbok angger dolanan bendo
bisa keperang. Yakinlah sumpah, ana wong lima sing wis keperang bendo,
lan saiki wis sepi sing pada repek. Jane tesih mandan amba gole
nebangi, nanging sing repek ora akeh dadine nebangi bisa santai
lantaran ora khawatir ngrubuih wong. Suluh sing ora diaraih ya dijorna
ngumpul, kadang uga ditratasi nang sing embret gawe. Sekian disit info
sekang tanahraja.

Nebang Jati Wis Separone

Musim udan pancen akeh banget kejadian sing marakna was-was, salah sawijine yaiku udan karo angin gede. Wis dadi langganan yen ketiga rendeng mesti udan barat teka aben sore kawit jam 3. Apa maning siki lagi ana garapan nebang kayu jati nang Tanah Raja. Pas dina selasa sore sekitar jam 4, enyong karo kanca-kanca bali mandan gasik, soale genah hawane mendung lan peteng ndedet. Kira-kira sedulur kabeh pada ngerti apa ora kegiatane enyong sehari-hari? Nek batir edek ya jelas pada ngerti, saben dina enyong nek ora menggunung ya maring sawah, pokoke nangkana ya ngapa bae, sing penting metu sekan umah ben ra didomaih nang rama biyung. Kanca brayan utawa kanca dolan, pokoke nek sampean pada urung menggawe utawa esih nang omah bae, nek ora ana aktivitas mending lunga seko umah, arep maring alas ya kena, maring sawah ya kena, lan maring endi bae sing penting ana manfaate.

Balik maning meng laptop. Nah nang Sindanghaji menika, lagi dianakena penebangan hutan jati oleh pemborong dari Cinangsi Jawa Tengah. Penebangan iki terkait pemberesan sistem sewa tanah raja lan nyegah wit-witan jati ditebangi sageleme dewek nang masyarakat. Enyong nyambut gawe nangkana wis ulih ana 9 dina, tapi pas dina jemuah wingi mung setengah hari, soale ya anu udan gede banget pas awanne. Ngesuk kerja maning, tapi arep setengah hari bae lantaran enyong arep meng BRI transfer duit kanggo tuku domain. Eh wis disit ceritane, ngesuk nek ana waktu tak sambung maning. Wassalamu'alaikum.

Ngantuk Tenan Sewengi Nang Warnet

Duh jan iki mripat wis pada rebeng ngantuk banget soale wis jam 12 tapine urung bisa turu. Padahal ana ronda malah iki urung tilik meng pos. Kudune ya tilik disit sedela-dela men kancane ora pada ngiri. hehe.

Sajake wis ana rong jam aku nang warnet, rep bali malah gerimis. Siki ya teturon disit ngenteni udan mandan aso. Aku pancen arep lunga langsung meng gardu ronda soale ngesuk arep meng kota mbayarna pajeg motor nang ciamis.Rencanane sich sekalian ketemuan karo batiran sing kenal nang sms, hehe Ya ben tambah kenalan kuwi. Sip mantab dah.

Gajian Babat Suket Nang Alas

Wis ana seminggu lewih enyong karo batir-batir pada nyambut gawe bersih suket nang alas. Wingi dina jemuah pas enyong nang sawah, Pak Sukono sing duwe kebon telpon. Nanging aku ra gawa hp, dadine sing ngangkat adine enyong. Niate arep mampir disit meng sindanghaji tapine wong ora ana sing pada nang umah ya terus bae meng Kebumen. Mikine tah batir pada uwis bungah alias bombong lantaran ngarep banget pengen dolan meng warnet seko gaji bersih alas.

Wayaeh wis sore aku bali mengomah terus adus lan siap-siap dolan mengumaeh kancane. Ceritane sich arep mbahas blog tapine wong awak tesih pada kesel ya mung turu disit, itung-itung nyimpen tenaga kanggo ngesuk nemprang nang sawah. Siki wayaeh kerja maning meng sawah karo ki Reja lan Kate. Selain nemprang ya ngidek-ngidek tunggak damen lan bersih galengan. Eh pas lagi arep minggiri akeh banget welut, tapine ora ana sing kena sijia lha wong lunyu banget tur ora biasane nangkep welut. Kayane kudu sinau disit iki, karo nyiapna patis kanggo gawe urek-ureke.

Pas mandan awan teka nini Pinah nggawa sega karo lawueh. Menu siki enak banget lho, ana goreng perkedel, jengkol, sambel terasi, kluban godhong budin lan iwak asin. Banget kencote enyong entek 1 piring lewih lan tesih pengen tanduk maning koh. Tapi ya disabari disit lha nek kakeen madange mbokan marakna ngantuk. Siki pada ngaso disit sembari medang lan udud mbako cap padud. Ya wis disit lah ceritane, soale enyong bingung koh arep nulis apa maning.