Labels

Labels

Home » » Ronda Digalana Maning

Ronda Digalana Maning

Wis ana seminggu nang kampungku lagi rame sing jenenge maling. Saben umah kemalingan ayam karo kelinci, padahal ana sing duwe kelinci jenis anggora sing regane larang nganti atusan ewu. Pas wengi kejadian kuwi ana warga sing nemuni wong sing mondar-mandir nang kampungku. Siki bocah kuwi dicurigai lantarane ana saksi sing nyebutna bahwa wong kuwi pancen mondar-mandir.

Tapine bocah kuwi ora ngaku nek pas malam kejadian dewekne keluyuran. Banget mangkele ana salah siji preman sing dadi dedengkot maling nangkono, njotosi wong sing dicurigai tersebut.
Mengarepe warga nang kampungku kon pada ronda maning, soale ya njaga lingkungan. Tapine sing wong jenenge ronda ya biasane mung njagani pos thok lan jarang sing gelem keliling kampung. Sing penting warga kudu waspada lan tertib njaga lingkungane dewek. Pak Sumarjo sing dadi lurah Sidaharja uga mrentaih kon pada ronda maning. Wingi sempat pada absen li ronda soale wis ra anget maling. Wis lumraeh nek ronda kuwi pas ana kejadian sing rame tur meresahkan.

0 komentar:

Posting Komentar