Labels

Labels

Home » » Iwak Gurame Rame Maning

Iwak Gurame Rame Maning

Ana siji bakul grameh sing lagi seneng banget, pasale iwak grameh sing dipasang nang facebook siki wis nemu calon pembeli. Ora tanggung-tanggung kuwe pembeline njaluk stok sewu setiap wulane. Siki lagi rajin banget ngrumate lan ngenteni kuwi sing arep tuku teka. Enyong ya melu seneng soale sempet juga ngrewangi gawekena blog. Wah mudah-mudahan sing lancar bae ya Pak.

Sejening mang Udin ana bakul sing jenenge mang Sarip sing umaeh ana nang sindanghaji. Saliane dodolan grameh, uga dodolan gula klapa. Ceritane maune pas awal-awal dadi bos gula, akeh banget sing pada teka mengonoh mung njaluk utang thok. Sepisan tekan ping 3 ya rajin setor gula, tapine sauwise menganah malah pada mbelot. Wih enyong dadi pengen cerita karo kancaku sing nang Depok sing Ayu Dewek jenenge "Yunita" lan Kang Didno. Soale maune pada tuker cerita tentang hasil bumi nang daerah masing-masing. Eh dadi kelingan janjiku bahwa gemien pernah arep ngajak nitha meng PMI Depok kanggo ndaftar dadi KSR PMI Depok. Seko Indramayu ana cerita tentang makanan tradisionil sing jenenge tike. Kuwi panganan jan bener-bener urung rame tur perlu dipelajari cara gawene. Nah urusan iki pemerintah uga kudu turun tangan ben rakyat bisa duwe gawean maning khususe sing lagi pada nganggur.

2 komentar:

  1. Walau kurang ngerti bahasanya, tapi salut dengan upaya menulis blog dengan bahasa daerah.
    Maju terus :)

    BalasHapus
  2. nulis dengan bahasa daerah itu sangat mudah karena bisa mengalir deras. Beda dengan yang sedikit ilmiah. hehehe

    BalasHapus