Labels

Labels

Home » » Gajian Babat Suket Nang Alas

Gajian Babat Suket Nang Alas

Wis ana seminggu lewih enyong karo batir-batir pada nyambut gawe bersih suket nang alas. Wingi dina jemuah pas enyong nang sawah, Pak Sukono sing duwe kebon telpon. Nanging aku ra gawa hp, dadine sing ngangkat adine enyong. Niate arep mampir disit meng sindanghaji tapine wong ora ana sing pada nang umah ya terus bae meng Kebumen. Mikine tah batir pada uwis bungah alias bombong lantaran ngarep banget pengen dolan meng warnet seko gaji bersih alas.

Wayaeh wis sore aku bali mengomah terus adus lan siap-siap dolan mengumaeh kancane. Ceritane sich arep mbahas blog tapine wong awak tesih pada kesel ya mung turu disit, itung-itung nyimpen tenaga kanggo ngesuk nemprang nang sawah. Siki wayaeh kerja maning meng sawah karo ki Reja lan Kate. Selain nemprang ya ngidek-ngidek tunggak damen lan bersih galengan. Eh pas lagi arep minggiri akeh banget welut, tapine ora ana sing kena sijia lha wong lunyu banget tur ora biasane nangkep welut. Kayane kudu sinau disit iki, karo nyiapna patis kanggo gawe urek-ureke.

Pas mandan awan teka nini Pinah nggawa sega karo lawueh. Menu siki enak banget lho, ana goreng perkedel, jengkol, sambel terasi, kluban godhong budin lan iwak asin. Banget kencote enyong entek 1 piring lewih lan tesih pengen tanduk maning koh. Tapi ya disabari disit lha nek kakeen madange mbokan marakna ngantuk. Siki pada ngaso disit sembari medang lan udud mbako cap padud. Ya wis disit lah ceritane, soale enyong bingung koh arep nulis apa maning.

0 komentar:

Posting Komentar